Lintang lintang gemerlap sayang
Ngelingke esemmu naliko pacaran
Padhang padhange sinar rembulan
Melu nyekseni manise kasmaran
Duh nimas tansah kelingan
Aku lan kowe janji bakal sesandingan
Ra ngiro, ati ora nyongko
Katresnan sing tulus, akhire bubar cerito
Tak iklhaske yen pancen takdire
Kudu pisah aku wes pasrah
Gemerlape lintang wes luntur ketutup mego
Gagal sesandingan mergo restune wong tuo
Sinare rembulan melu gelo lan kuciwo
Ngancani tangisku ajur bathinku