KPJ 217 DALU SANTI
Dalu santi, abyor cahyèng kartika;
dalu suci miyosing Pamarta.
Jagad raya kang risak wit duraka
den pulihkèn pindha Pirdus mulya.
Pra manungsa kang sangsara wit dosa,
linuwaran mrih tentrem raharja.
reff.
Swawi sujud saos bekti mring Gusti.
Dalu santi, Panebus wus manjalma;
dalu suci, dalu, dalu santi